Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo-Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarêpe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sêpure mlêbu terowongan athik lampune mati, dhadhi pêtêngan pol. Wong papat iku malih mênêng kabeh.
Gak sui moro -moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".
Sing arek wedhok sebelane yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kênek kaplok melok
mbatin pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi kênek kaplok. Dikiro aku
pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngênteni peteng. Wah tersinggung aku".
Arek rocker iku karo ngêmpêt ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".
Powered by Telkomsel BlackBerry®

Tidak ada komentar:
Posting Komentar